Selalu ibarat minum jamu seger-waras setiap kali membaca cerita lucu. Badan jadi bugar karena hati senang akibat tertawa, minimal tersenyum. Berikut ini cerita jenaka yang disebar oleh seorang teman di sebuah kelompok WhatsApp yang saya ikuti. Entah dari mana sumbernya. Yang jelas, saya terbahak dibuatnya. Silakan dinikmati. Mohon maaf bagi yang tidak paham bahasa Jawa. 😉
Warno (8th) cah Ponorogo arep lungo, diterke mbok’e nyegat bis..
Kernet Bis: Suroboyo!…. Suroboyo bu?
M’Boke Warno: Pak’ tulung nggih! mengke nek pun tekan Jombang, lare niki dikandani..!! (karo munggahke Warno nang Bis)
Kernet: Nggih bu…..tariiiiik!!!!
(Nang tengah dalan, Warno takon kenek Bis).
Warno: wis cedhak Jombang durung Lik?
Kernet: Durung, le. Jih suwe.
(Ora let suwe, Warno takon maneh)
Warno: Wis tekan Jombang Lik?
Kernet: Durung, le. Jih aduuooh!
(Warno bosen ora tekan-tekan akhire keturon)
Bis terus mlaku arah Suroboyo. Ora krasa, bis wis nglewati Jombang. Kenek lali pesene mbok’e Warno. Bareng kelingan kernet langsung omong nang Sopir.
Kernet: Duuh kaaang! Aku dosa nang bocah kui! (Karo nuding Warno sing lagi turu ) Mau mbok’e nitipke, “Yen tekan Jombang bocahe tulung kandhanono”.
Supir: Waah lha piye kowe kui? Jombang wis kliwat adoh!
(Sopir bingung)
Tujune Sopire apik gelem balik nang Jombang, sakwise njaluk persetujuan penumpang liyane mergo mesakke karo si Warno.
(Sakwis’e bis tekan Jombang, Warno digugah)
Kernet: Le, tangi le! Wis tekan Jombang ki. (nggoyak-nggoyak awake Warno)
Warno njenggirat : Wis tekan Jombang lik? (karo grusa-grusu mbukak kantong ngetokke sangune sego, sambel, lawuhe iwak asin)
Kernet: Arep mudhun kene le?
Warno: Ora, Lik. Wong aku arep nang Suroboyo. Mau mbokku pesen, “Sangune mengko dipangan nek wis tekan Jombang wae ya, le.” (karo muluk segane)
Jare kernet, supir, penumpang: WEDHUS TENAN cah iki! TIWAS MBALIK!
Sumber gambar: di sini
Huakakaka…, kabeh do misuh2 paling :))))