Warno (8th) cah Ponorogo arep lungo, diterke mbokāe nyegat bis..
Kernet Bis: Suroboyo!ā¦. Suroboyo bu?
MāBoke Warno: Pakā tulung nggih! mengke nek pun tekanĀ Jombang, lare niki dikandani..!! (karo munggahke Warno nangĀ Bis)
Kernet: Nggih buā¦..tariiiiik!!!!
(Nang tengah dalan, Warno takon kenek Bis).
Warno: wis cedhak Jombang durung Lik?
Kernet: Durung, le. Jih suwe.
(Ora let suwe, Warno takon maneh)
Warno: Wis tekan Jombang Lik?
Kernet: Durung, le. Jih aduuooh!
(Warno bosen ora tekan-tekan akhire keturon)
Bis terus mlaku arah Suroboyo. Ora krasa, bis wis nglewati Jombang. Kenek lali pesene mbokāe Warno. Bareng kelingan kernet langsung omong nang Sopir.
Kernet: Duuh kaaang!Ā Aku dosa nang bocah kui! (Karo nuding Warno sing lagi turu ) Mau mbokāe nitipke, āYen tekan Jombang bocahe tulung kandhanonoā.
Supir: Waah lha piye kowe kui? Jombang wis kliwat adoh!
(Sopir bingung)
Tujune Sopire apik gelem balik nang Jombang, sakwise njaluk persetujuan penumpang liyane mergo mesakke karo si Warno.
(Sakwisāe bis tekan Jombang, Warno digugah)
Kernet: Le, tangi le! Wis tekan Jombang ki. (nggoyak-nggoyak awake Warno)
Warno njenggirat : Wis tekan Jombang lik? (karo grusa-grusu mbukak kantong ngetokke sangune sego, sambel, lawuhe iwak asin)
Kernet: Arep mudhun kene le?
Warno: Ora, Lik. Wong aku arep nang Suroboyo. Mau mbokku pesen, āSangune mengko dipangan nek wis tekan Jombang wae ya, le.ā (karo muluk segane)
Jare kernet, supir, penumpang: WEDHUS TENAN cah iki! TIWAS MBALIK!
Sumber gambar: di sini
